Slide Show

Minggu, 14 Januari 2024

NGUCAP SOKUR LAN MULYAKAKEN GUSTI



Waosan : I Samuel 9:27-10:8; Jabur 86; II Korinta 6:14-7:1 

“Dhuh Pangeran, Allah kawula, kawula badhe ngaturaken pamuji sokur kanthi gumolonging manah dhumateng Paduka saha ngluhuraken asma Paduka ing salami-laminipun” (Jabur 86:12) 

Jabur 86 menika mujudaken pangaken lan ugi prajanjipun Juru Masmur dhateng Gusti Allah. Pangaken wau saged kita tingali ing ayat 5: “Paduka menika sae saha remen ngapunten.”; Ayat 8: “… boten wonten ingkang nyameni Paduka …” Saking ayat-ayat menika kita saged ningali sang Juru masmur wau ngucapaken Pangakening kapitadosanipun. 

Saklajengipun Juru masmur mratelakaken Pangucap Sukur dhumateng Allah amargi sipat-sipatipun Allah. Ayat 5 “Amargi Paduka menika sae lan remen ngapunten….Sih susetya Paduka menika luber tumrap tiyang ingkang sesambat dhumateng Paduka. Ayat 12: “Dhuh Pangeran Allah kawula, kawula badhe ngaturaken pamuji sukur kanthi gumolonging manah dhumateng Paduka, saha ngluhuraken Asma Padsuka ing salamilaminipun”. Ayat 13: “Amargi agung Sih-susetya Paduka dhateng kawula, saha nyawa kawula sampun Paduka luwari saking jagading tiyang pejah ingkang lebet piyambak”. 

Pangakening kapitadosan lan pangucap sokur Jurumasmur menika ugi prayogi dados pangakening kapitadosan lan pangucap soukur kita. Gusti Allah ing jaman Perjanjian Lami, inggih tetep sami kaliyan Gusti Allah kita ing jaman Prajanjian Anyar. Gusti Allah menika sampun rawuh ing Gusti Yesus Kristus. Menika Allah ingkang Mahaagung lan Mahakawasa, pramila kita kedah angakeni sarana kapitadosan kita. Allah menika ugi Allah ingkang Mahamirah lan Mahaasih. Lumantar pakaryanipun Gusti Yesus Kristus menika Gusti Allah ngreksa lan ngayomi saha nyekapi sedaya kabetahaning gesang kita. Prayogi kita tansah ngucap sokur dhumateng Gusti Yesus Kristus ingkang sampun karsa nebus kita saking dosa. Ugi tansah mulyakaken asmanipun Gusti, awit Gusti Yesus menika ugi Gustining para gusti lan Ratuning para ratu (Wahyu 19:16). Gesang ingkang kebak pangucap sokur menika gesang ingkang ayem-tentrem saha kebak ing kabingahan. Pramila sarana gesang kita menika kita ugi kedah tansah mulyakaken asmanipun Gusti. Amin Gusti amberkahi.|*SH

0 Comments:

Posting Komentar